LAT SOAL PAS B JAWA Flashcards
Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan lan sing dipindhanake wonge diarani..
A paribasan
B. bebasan
C. saloka
D. sesanti
E. semboyan
c. saloka
Melu seneng, nanging ora gelem ngetokake wragad, paribasane…
A. keplok ora tombok
B. nulung menthung
C. dahwen ati open
D. wong jail methakil
E. wong nriman keduman
A. keplok ora tombok
Cedhak wong tumindak ala baka katut ala, tegese bebasan saka…
A. cedhak celeng boloten
B. sandhing kebo gupak
C. sandhing kirik gudigen
D. sandhing kebo njerum
E. sandhing kucing garong
B. sandhing kebo gupak
Gelem kepenake lan ora gelem rekasane, bebasane…
A. arep jamure emoh watange
B. sedhakep ngawe-awe
C. dudu berase ditempurake
D. rebut balung tanpa isi
E. ngangsu banyu ing kranjang
A. arep jamure emoh watange
Tegese saloka bebek mungsuh mliwis, yaiku
A. Wong pinter mungsuh wong pinter, nanging sing siji kalah ubet.
B. Wong tuwa sing rekasa uripe, amarga kabotan ngopeni anak-anake.
C. Wong ala dipitaya nunggu barang aji, wusananengentek-enteki.
D. Wong ringkih mungsuh wong santosa (kuwat)
E. Wong kang tumindake ora salaras karo guneme.
A. Wong pinter mungsuh wong pinter, nanging sing siji kalah ubet.
Unen-unen sing nggunakake purwakanthi guru swara yaiku….
A. kleyang kabur kanginan
B. kriwikan dadi grojogan
C. adigang, adigung, adiguna
D. emban cindhe, emban siladan
E. kebo njerum ngemut ema
C. adigang, adigung, adiguna
Unen-unen iki sing ora nggunakake purwakanthi guru sastra yaiku…
A. tulung menthung
B. mbuwang tilas
C. bung pring petung
D. tata titi tatas titis
E. bebek mungsuh mliwis
B. mbuwang tilas atau E. bebek mungsuh mliwis
Piwulange Ki Hajar Dewantara: “Ing ngarsa asung tuladha; Ing madya mangun karsa; Tutwuri handayani”, kabeh unen-unen iki ngemu purwakanthi guru
A. swara
B. sastra
C. Lagu
D.basa
E. lumaksita
A. swara
Tembang macapat iku kaiket dening paugeran tartamtu yaiku….
A. guru lagu, guru swara, lan guru wilangan
B. guru gatra, guru wilangan. lan guru lagu
C. guru swara, guru gatra, lan guru lagu
D. guru gatra, guru basa, lan guru wilangan
E. guru gatra, guru wilangan,lanlumaksita
B. guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
Tembang macapat kang nduweni sasmita wiyos, ranas, lan medol, yaiku tembang….
A Mijil
B. Sinom
C. Asmarandana
D. Maskumambang
E. Durma
A Mijil
Tembang macapat kang wewatekane susah utawa sedhih lan melas asih, mula cocok kanggo nelakake rasa kesedhihan kang ngenesake yaiku tembang….
A. Pocung
B. Sinom
C. Asmarandana
D. Maskumambang
E. Megatruh
D. Maskumambang
Tembang macapat kang wewatekane sabar grapyak, lan sumanak mula lumrahe kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur, yaiku tembang
A. Mijil
B. Sinom
C. Asmarandana
D. Maskumambang
E. Pocung
B. Sinom
Tembang macapat kang wewatekane tresna asih lan sedhih, mula pantes kanggo nelakake rasa brangta, kayungyun, tresna asih, lan crita katresnan liyane, yaiku tembang
A. Pocung
B. Sinom
C. Asmarandana
D. Maskumambang
E. Megatruh
C. Asmaradana
Tembang macapat kang sasmitane sarkara, hartati, dhandang, madu, manis, sari bremana, diarani tembang
A Mijil
B. Sinom
C. Asmarandana
D. Maskumambang
E.Dhandhanggula
E.Dhandhanggula
- Ing sawijining karya sastra kang tinulis awujud tembang macapat lumrahe dibagi dadi pirang-pirang pupuh. Saben pupuh dibagi pirang-pirang pada. Saben pupuh lumrahe nggunakake metrum kang padha. Tegese pupuh ing tembang macapat yaiku…
A. kumpulane gatra ing tembang macapat
B. kumpulane pada ing tembang macapat
C. kumpulane wanda ing tembang macapat
D. kumpulane metrum ing tembang macapat
E. kumpulane warna tembang macapat
B. kumpulane pada ing tembang macapat
Saben pupuh lumrahe nggunakake metrum kang padha. Tegese metrum ing tembang macapat yaiku…
A. wirama ing saben gatra tembang macapat
B. wirama ing saben pada tembang macapat
C. unsur kebasaan ing saben pupuh tembang macapat
D. struktur ing tembang macapat kang wis baku aturane
E. paugeran kang gumathok, kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
A. wirama ing saben gatra tembang macapat
Guru gatra ing tembang macapat yaiku….
A. cacahing gatra/larik ing saben pada
B. cacahing wanda ing saben gatra
C. tibaning swara ing pungkasane gatra
D. dhong dhinge swara ing saben pungkasane gatra
E. cacahing pupuh-pupuh ing tembang macapat
A. cacahing gatra/larik ing saben pada
Sadurunge ngarang tembang macapat, cara sing ora kudu digatekake yaiku
A. Nemtokne jinis tembang macapat sing arep ditulis.
B. Nemtokake watek lan sasmitning tembang
C. Nemtokake tema tembang macapal singarepditulis
D. Nulis guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
E. Ora perlu nggatekake panganggone basa rinengga, kayata purwakanthi.
E. Ora perlu nggatekake panganggone basa rinengga, kayata purwakanthi.