bahasa jawa Flashcards
opo iku teks informasi?
[apa itu teks informasi?]
teks informasi yaiku awujud laporan ngenani sawijine kedadean kang lagi dumadi
[teks informasi yaitu laporan mengenai salah satu kejadian yang sedang terjadi]
opo wae titikane teks informasi?
[apa saja ciri-ciri teks informasi?]
- kedadean kang diandharake awujud fakta [kejadian yang dikabarkan berwujud fakta]
- kedadean kang diandharake asipat aktual [kedadean yang dikabarkan bersifat aktual]
- alur ngenani kedadean kang dumadi diandharake kanthi runtut [alur tentang kejadian dijelaskan hingga runtut dan kronologis]
- nggunaake basa kang baku lan gampang dimangereni [menggunakan bahasa yang baku dan gampang difahami]
- sumber informasi asipat valid lan bisa dipertanggungjawabake [sumber informasi bersifat valid dan bisa dipertanggungjawabkan]
wujud informasi ono opo wae?
[wujud informasi ada apa saja?]
- media lisan : radio, TV, lsp
2. media tulis : ariwarti, kalawarti, lsp [koran, majalah, dll]
opo wae jinise teks informasi?
[apa saja jenisnya teks informasi?]
informasi langsung, panemu, penalaran(interpretatif), jangkep, andharan(penjelasan).
opo wae unsur pambangun teks informasi?
[apa saja unsur pembangun teks informasi?]
opo, sapa, kapan, ing ngendi, geneya, kepriye.
[apa, siapa, kapan, dimana, kenapa, bagaimana]
opo iku tembang macapat?
[apa itu tembang macapat?]
tembang macapat yaiku puisi jawa gagrag lawas kang dilagokake lan keiket dening paugeran tartamtu
[tembang macapat yaitu puisi jawa gagrag lama yang dilagukan / dinyanyikan dan terikan dengan aturan tertentu]
opo wae jinise tembang?
[apa saja jenis-jenisnya tembang / lagu?]
Tembang gedhe, tengahan, cilik, lan tembang dolanan.
tembang macapat opo wae jinise?
[tembang macapat apa saja jenisnya?]
maskumambang, mijil, sinom, kinanthi, asmarandana, gambuh, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh, lan pocung.
opo wae paugerane tembang macapat?
[apa saja kaidahnya tembang macapat?]
guru gatra = cacahe gatra saben sapada [jumlah baris di tiap bait]
guru wilangan = cacahe wanda saben sagatra [jumlah suku kata di setiap baris]
guru lagu = tibaning swara ing saben pungkasane gatra [vocal akhir di setiap ujung baris]
tembang pangkur nduwe pira gatra?
[tembang pangkut memiliki berapa baris?]
tembang pangkur nduweni 7 gatra
[tembang pangkur punya 7 gatra]
sebutna guru wilangan lan guru lagune tembang pangkur!
8a-11i-8u-7a-12u-8a-81
opo iku paribasan?
[apa itu paribasan?]
paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan
Contoh :
> keplok ora tombok = gelem melu seneng, nanging ora gelem ngetokake beaya
> kadang konang = diaku dulur amarga sugih
> kuncung nganti gelung = wiwit bocah nganti diwasa
[sorry (T_T) couldn’t find the translation of this]
opo iku bebasan?
[apa itu bebasan?]
bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, lan ngepindhakake tindak-tanduk manungsa
Contoh :
> nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkongan wong liya
> ngubak-ngubak banyu bening = gawe rusuh ing panggonan kang wes tentrem
> kerot ora duwe untu = duwe kekarepan, nanging ora nduwe beaya
[sorry (T_T) couldn’t find the translation of this]
opo iku saloka?
[apa itu saloka?]
saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, lan ngepindhakake wonge.
Contoh :
> bebek mungsuk mliwis = wong pinter mungsuh wong pinter, nanging sing siji kalah ubet.
> kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
> ula marani gepuk = wong kang njarag marani bebaya.
[sorry (T_T) couldn’t find the translation of this]
opo tegese cangkriman?
[apa artinya cangkriman?]
Cangkriman yaiku ukara kang kudu digoleki wangsulane
[cangkriman yaitu kalimat yang harus dicari jawabannya (semacam tebak-tebakkan)]
opo gunane cangkriman?
[apa kegunaan cangkriman?]
kanggo geguyonan, nggayengake swasana, lan digawe sayembara.
[untuk bercandaan, meramaikan suasana, dan untuk acara-acara]
opo wae jinise cangkriman?
[apa saja jenisnya cangkriman?]
Cangkriman mancahan, pepindhan, blenderan, sinawung ing tembang, lah liyane
opo iku cangkriman wancahan?
[apa itu cangkriman wancahan?]
Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang awujud cekakan-cekakan
[cangkriman wancahan yaitu cangkriman yang berwujud singkatan-singkatan]
Contoh :
> Pak Beletos = Tapak kebo lelene satus
> Burnas kopen = bubur panas kokopen
> pindhang kileng = sapi nang kandhang, kaki mentheleng
opo iku cangkriman pepindhan?
[apa itu cangkriman pepindhan?]
Cangkriman pepindhan yaiku cangkriman kang memper kaya kanyatane
[cangkriman pepindhan yaitu cangkriman yang mirip seperti kenyataan]
Contoh :
> Pitik walik saba kebon = nanas
> Sega sakepel dirubung tinggi = salak
> emboke dielus-elus anake diidak-idak = andha
opo iku cangkriman blenderan?
[apa itu cangkriman blenderan?]
Cangkriman blenderan yaiku cangkriman awujud ukara pranyatan kang mbingungake
[cangkriman blenderan yaitu cangkriman berupa kalimat pernyataan yang membingungkan]
Contoh ;
> Ora usah mutung, mutung opo? = mutung kesarung (lutung kasarung)
> lampu opo yen dipecah metu uwonge = lampu toko sing lagi ditutup
> wong mati ditunggoni wong mesam-mesen = sing mesam-mesem wong sing nunggu, dudu sing mati
opo iku cangkriman sinawung ing tembang?
[apa itu cangkriman sinawung ing tembang?]
Cangkriman sinawung ing tembang yaiku cangkriman kan rinakit arupa tembang
{cangkriman sinawung ing tembang yaitu cangkriman yang dirakit / dibuat seperti lagu
Contoh : bapak pocung cakemu marep mandhuwur sabamu ing sendhang pencokanmu lambung kering prapteng wisma si pocung muntah guwaya batangane = Klenthing / jun
opo iku cangkriman liyane?
[apa itu cangkriman liyane?]
Cangkriman liyane yaiku cangkriman gabungan antarane salah siji cangkriman karo cangkriman liyani.
[cangkriman liyane yaitu cangkriman gabungan antara salah satu cangkriman dengan cangkriman lainnya]
Contoh :
> Kewan apa sing duweni sandhangan? = cecak
> dideleng gampang, dicekel angel = srengenge
> bosok malah enak = tape
opo tegese sesorah?
[apa artinya pidato?]
sesorah yaiku kegiyatan nyampekake panemune sangarepe wong akeh
[pidato yaitu kegiatan menyampaikan pemikirannya didepan orang banyak]
opo tujuane sesorah?
[apa tujuan dari pidato?]
- menehi pangerten lan informasi marang liyan
2. mangaribawani liyan supaya wong liya gelem ngeloki kekarepane sing sesorah.
sebutno urutane sesorah!
[sebutkan urutannya pidato!]
Salam pambuka > purwaka > isi > pangarep-arep > panutup
opo wae jinis-jinise sesorah?
[apa saja jenis-jenisnya pidato?]
pidhato pambuka, pengarahan, sambutan, peresmian, lan pertanggungjawaban.
opo iku pidhato pambuka?
[apa itu pidato pembuka?]
pidhato cekak kang disampekake dening MC
[pidato singkat yang disampaikan oleh MC]
opo iku pidhato pengarahan?
[apa itu pidato pengarahan?]
Pidhato pengarahan yaiku pidhato kanggo ngarahake ing sawijining pasamuan.
[pidato pengarahan yaitu pidato untuk mengarahkan (orang-orang) di suatu pertemuan.]
opo iku pidhato sambutan?
[apa itu pidato sambutan?]
pidhato kang ditindakake sawatara pawongan kanthi wektu kang kawates
[pidato yang dilakukan beberapa orang hingga waktu yang terbatas]
opo iku pidhato peresmian?
[apa itu pidato peresmian?]
pidhato peresmian mujudake pidhato kang ditindakake dening pawongan kang darbe pangaribawa kanggo ngresmekake sawijine babagan.
[pidato peresmian merupakan pidato yang dilakukan oleh orang yang memiliki kekuasaan untuk meresmikan sesuatu]
opo iku pidhato pertanggungjawaban?
[apa itu pidato pertanggungjawaban?]
pidhato pertanggungjawaban mujudake pidhato kang isine sawijining pelapuran pertanggungjawaban
[pidato pertanggungjawaban merupakan pidato yang isinya pelaporan pertanggungjawaban]
opo wae metode-metode sesorah?
[apa saja metode-metode pidato?]
Improptu, memoriter, naskah, lan ekstemporan.
opo iku metode improptu?
[apa itu metode improptu?]
improptu yaiku metode sesorah kang serta merta tanpa anane persiyapan ing sadurunge
[improptu adalah metode pidato yang serta merta tanpa adanya persiapan sebelumnya]
opo iku metode memoriter?
[apa itu metode memoriter?]
memoriter yaiku metode ngafalake naskah sesorah luwih dhisik
[memoriter yaitu metode menghafalkan naskah pidato terlebih dahulu]
opo iku metode naskah?
[apa itu metode naskah?]
metode naskah mujudake metode macakake naskah sesorah
[metode naskah merupakan metode membaca naskah pidato]
opo iku metode ekstemporan?
[apa itu metode ekstemporan?]
ekstemporan yaiku metode sesorah kanthi luwih dhisik nyiyagakake garis-garis gedhene konsep sesorah kang arep disampekake
[ekstemporan yaitu metode sesorah yang menyiapkan garis besar konsep sesorah yang ingin disampaikan terlebih dahulu]
opo wae ungguh-ungguh basa?
[apa saja ungguh-ungguh basa?]
ngoko lugu lan ngoko alus, krama lugu lan krama alus.